Raos Sami

Isining tiyang punika karep. Mangka karep punika wategipun gek mulur, gek mungkret, gek mulur, gek mungkret, inggih punika ingkang murugaken dhateng raosing gesang, awit alit dumugi sepuh, mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Sinten mawon, tiyang pundi mawon raosing gesang inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, la sintena mawon, tiyanga pundi mawon, isinipun inggih karep, la yen boten isi karep namanipun sanes tiyang, mangka saben karep mesthi kados makaten.

Dados raosing gesang tiyang sajagat punika sami mawon, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Sanajan tiyang sugih, sanajan tiyang mlarat, sanajan ratu, sanajan kuli, sanajan wali, sanajan bajingan, raosing gesang inggih sami mawon, inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Raosing bungah susah, dangu sakedhaping bungah susah, sangeting bungah susah, punika ingkang sami mawon. Dene ingkang dipun bungahi, ingkang dipun susahi, punika ingkang beda-beda.

Upami tiyang sugih saged ngadegaken pabrik, inggih bingah. Tiyang mlarat saged ngadegaken kendhil, inggih bingah. Bingahipun tiyang mlarat saged ngadeg kendhilipun punika inggih bingah yektos, bingahipun tiyang sugih saged ngadeg pabrikipun punika inggih bingah yektos, sami-sami bingah yektos inggih sami mawon.

Upami ratu saged mbedhah kutha mboyong putri, inggih bingah. Kuli, saya yen kuli sepur, saged nracag gerbong mboyong koper, inggih bingah. Bingahipun kuli saged nracag gerbong mboyong koper, punika inggih bingah yektos lan bingahipun ratu saged mbedhah kutha mboyong putri, punika inggih bingah yektos, sami-sami bingah yektos inggih sami mawon.

Upami wali medal kramatipun saged mabur “bur”, inggih bingah. Bajingan saged nyebrot “brut”, inggih bingah. Bingahipun bajingan saged nyebrot “brut” punika inggih bingah yektos lan bingahipun wali saged mabur “bur” punika inggih bingah yektos lan sami-sami bingah yektos inggih sami mawon.

Nanging tiyang mlarat punika asring gadhah panginten, yen tiyang sugih punika boten nate susah. Panginten kados makaten wau klintu. La tiyang sugih punika isinipun inggih karep, mangka karep punika yen kalampahan mesthi mulur.

Upami tiyang sugih, ingkang sampun brewu, dados juragan bis lan sampun gadhah bis pinten-pinten atus, punika inggih mesthi mulur, kapengin gadhah sepur lan mangke yen sampun gadhah sepur, inggih mesthi mulur malih, kapengin gadhah prau kapal. Mangke dereng ngantos kalampahan gadhah prau kapal, namung saweg wonten juragan bis madeg enggal mawon, inggih lajeng susah, dheg-dhegan ajrih yen dipun jori. Dados tiyang sugih kados punapa kemawon, raosing gesangipun inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah.

Kados makaten wali punika asring dipun kinten yen boten nate susah. Panginten kados makaten wau inggih klintu. La tiyang wali punika isinipun inggih karep.

Upami wali medal kramatipun, kados dene dongengipun ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung ing Mentaram, inggih punika ratu tur wali, nalika kagungan karsa tedhak dhateng Banten mabur “bur” inggih bingah, lan sareng wonten Banten badhe kondur dhateng Mentaram, mangka dipun tilar juru taman lan lajeng trondhol, inggih susah. Dados wali kados punapa mawon raosing gesangipun, inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Yen mangertos, yen raosing gesang tiyang sajagat sami mawon, inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, tiyang lajeng luwar saking naraka meri lan pambegan.

Meri – Pambegan

Meri punika rumaos kawon tinimbang tiyang liya lan pambegan punika rumaos menang tinimbang tiyang liya. Meri lan pambegan punika, ingkang murugaken dhateng tiyang lajeng ngaya-aya, jengkelitan, la cilaka. Anggenipun pados semat, drajat, kramat, tiyang lajeng sarwa ngaya-aya, raosipun kemrungsung: “Wis golek dhuwit we jing akeh, supaya sugih kaya kae, aja nganti mlarat kaya kae, dadi banjur bisa ngece kae lan ora diece kae, lan golek drajat we jing luhur, supaya mulya kaya kae, aja nganti papa kaya kae, dadi banjur bisa kajen kaya kae lan ora remeh kaya kae, lan golek kramat we jing gedhe-gedhe, supaya kuwasa kaya kae aja nganti sekeng kaya kae, dadi banjur bisa ngekul kae lan ora dikul kae,” lan saking sangeting kemrungsung, tiyang ngantos gadhah raos: “Nek ora ngene, angur matia.”

Mangka raos “nek ora ngene angur matia”, punika, yen kerep-kerep dhateng murugaken dhateng tiyang, lajeng asring medal tekadipun ingkang aneh-aneh lan lajeng asring nglampahi aneh-aneh. Adakanipun tiyang punika, yen nembe kabrongot meri pambegan, lajeng madhukun-madhukun, maguru-maguru, lan lajeng taken dhateng kyai dhukun, kyai guru, “Dospundi kyai, lelampahan kula niki kok tansah rekaos mawon, napa leh kula gesang niki mila sedhiyan digithing, la sakecane dospundi, kyai,” lan mangke yen dipun tantun: “Samang napa gelem ta nglakoni, ning abot, mangke rak njur rada mayar, semanten niku nek katrima, lo, gelem ta dipendhem patang puluh dina?” Dipun tantun kados makaten wau, saking petenging paningal kabrongot meri pambegan, tiyang asring medal kasagahanipun, “Nggih, di pendhem nggih dipendhem, janji banjur katrima, mangke nek mati malah kebeneran, tinimbang urip sapisan we kok dadi ecen-ecenane tanggane, mrana diece lan mrene diece,” tur mangke yen dipun damelaken jugangan yektos lan ngungak juganganipun, tiyang wau lajeng dheg-dhegan, thingak-thinguk: “Mungguh le dipendhem niku nek empun bar tanggal loro pripun, nggih?”

Yen mangertos, yen raosing gesang tiyang sajagat punika sami rnawon, tiyang lajeng padhang paningalanipun lan lajeng sumerep angsal-angsalanipun tiyang dipun pendhem sakawan dasa dinten. Angsal-angsalanipun inggih namung buneg. La tiyang dipun bungkem kalih menit mawon sampun kaplepegen, kok dipun pendhem sakawan dasa dinten.

Gegayuhaning meri pambegan punika pathok pados ngungkuli tangga-tangganipun: tedha, pados ngungkuli; sandhang, pados ngungkuli; griya, pados ngungkuli; bojo, pados ngungkuli; anak, pados ngungkuli lan punapa-punapa sarwa pados ngungkuli tangga-tangganipun. Mangka tangga-tangganipun inggih pados ngungkuli tangga-tangganipun. Mila tiyang pinten-pinten ewu, pinten-pinten yuta, yen kabrongot meri pambegan, damelipun namung ungkul-ungkulan, la inggih lajeng asor sadaya.

Yen pados ngungkuli punika kaplesed-kaplesed mawon malah dhawah kungkulan, tiyang lajeng kaken manahipun: “Ya sanajan aku dhedhel dhuwel kae, angger tanggaku wis rekasa, wis lega atiku.” Mangka tangga-tangganipun inggih pados rekaosipun tangga-tangganipun. Mila tiyang pinten-pinten ewu, pinten-pinten yuta, yen kabrongot meri pambegan, damelipun namung pados rekaosipun tangga-tangganipun.

Yen pados rekaosipun tangga-tangganipun kablinger-blinger malah dhawah dhedhel dhuwel, tiyang lajeng telas-telasanipun namung kantun ngraos-ngraosi tangga-tangganipun. Mangka tangga-tangganipun inggih ngraos-ngraosi tangga-tangganipun. Mila tiyang pinten-pinten ewu, pinten-pinten yuta, yen kabrongot meri pambegan, damelipun namung raos-raosan lan malah saben pating krenuk kaliyan bojonipun, tiyang punika yen ngraosi tangga-tangganipun, ngantos tlesih: “Jane si anu kae wis rekasa ta wis, mung durung ketara wae, la wong gadhene ki wis bur lan wite krambil ki wis ora tau ngundhuh, ning ya dianggo dhewe wae.”

Mangka saweg pados ngungkuli tiyang satunggal mawon, tiyang sampun ngaya-aya, dipun rencangi tirakat-tirakat dumugi Luwarbatang, dumugi Nglawet, dumugi guwa Langse, dumugi Gedander punapa punika. Mangke yen sampun ngungkuli tiyang satunggal, tiyang inggih lajeng rumaos, yen wonten tiyang sanesipun ingkang ngungkuli. La tiyang inggih lajeng ngaya-aya malih, tirakat-tirakat malih, pados ngungkuli malih, mangka cacahipun ingkang ngungkuli punika kathah sanget.

Saya pados ngungkuli princen-princenipun, tiwas dipun rencangi tirakat-tirakat punapa punika, mesthi boten saged kalampahan. Upami ngungkuli sematipun, kungkulan drajatipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya pados ngungkuli drajatipun. Upami ngungkuli drajatipun, nanging kungkulan kramatipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya pados ngungkuli kramatipun. Upami ngungkuli kramatipun, nanging kungkulan bagusipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya gemagus pados ngungkuli bagusipun. Upami ngungkuli bagusipun, nanging kungkulan enemipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya pados ngungkuli enemipun, jalaran tiyang nem punika, yen kaleres wonten ing janggrungan, rak dipun selak-selakaken. Upami ngungkuli nemipun, nanging kungkulan sepuhipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya pados ngungkuli sepuhipun, jalaran tiyang sepuh punika, yen kaleres kendhuren, rak dipun pilihaken ingkang empuk-empuk.

Rumaosing meri pambegan punika, saben kepethuk tiyang, yen boten ngungkuli inggih kungkulan, lan yen ngungkuli raosipun ngece: “Galo si anu kae rak cilaka ta, jeneh ora gelem nggugu aku, ora gelem tiru aku, ya cilaka,” lan yen kungkulan raosipun kemropok, lajeng ngraos-ngraosi, moyok-moyoki: “Karuwan iya wae, nek si anu kae mubra-mubru, la wong cethile ora jamak, nek ngising katutan dhele we dicuthiki.” Mangka saben medal saking nggriya, tiyang punika mesthi kapethuk tiyang, mangka yen boten ngungkuli inggih kungkulan, mila ingkang dipun raosaken, awit alit dumugi sepuh, yen kabrongot meri pambegan, inggih namung kemropok, ngece, kemropok, ngece, la tiyang namung ngungkuli, kungkulan.

Yen badhe ngertos meri pambeganipun piyambak, ungkulipun piyambak, ingkang cetha wonten nggen sesrawungan, upami kaleres ningali pasar malem, wonten nggen tiyang gadhah damel, wonten nggen pasamuan-pasamuan punapa punika; mangke yen rumaos kungkulan sinjangipun, lajeng ngemek udhengipun: “Yah, ning ikete menang anyar,” mangke yen rumaos kungkulan udhengipun, lajeng mathentheng ngatingalaken rasukanipun: “Yah, ning klambine menang apik,” mangke yen taksih rumaos kungkulan, lajeng cincing ngatingalaken kathokipun: “Yah, ning kathoke menang kombor,” mangke yen meksa taksih rumaos kungkulan, kaken manahipun, lajeng ngedalaken pipanipun: “Yah, ning pipane menang dawa.”

Paningaling meri pambegan punika kuwolak-kuwalik, ningali lelampahan sadaya kuwolak-kuwalik, ningali jagat saisinipun sadaya kuwolak-kuwalik, boten leres. Contonipun upami tiyang kapengin gadhah pit, yen saking sangeting kemrungsung, gadhah raos: “Nek ming ora duwe apa-apa we, ora tak rasakake, ning nek ora duwe pit ki, jan ora bisa nglakoni tenan aku,” mila yen kapethuk tiyang numpak pit, saya yen ingkang numpak pit tangganipun, ingkang dipun sengiti, inggih punika ingkang badhe dipun ungkuli malah awakipun dhawah kungkulan, lajeng dipun kring, inggih mak tratap lan lajeng pet-petan, mangke yen mantuk inggih ngungkep-ungkep boten saged-saged tilem lan lajeng ngraos-ngraosi, moyok-moyoki: “Karuwan iya wae, nek si anu kae bisa duwe pit, la wong direwangi ora lumrah wong, dilabuhi rai gedheg, nek aku mono mula jan wong ora bisanan, angger ketok duwe wae.” Lo rak terang paningal kuwolak-kuwalik, kapethuk tiyang numpak pit, kok pet-petan, la punapa tiyang numpak pit punika murugaken pet-petan, rak terang yen boten, nanging yen kabrongot meri pambegan inggih mesthi kuwolak-kuwalik makaten.

Saking sangetipun kuwolak-kuwalikipun paningal, ngantos sumerep tiyang ayu utawi tiyang bagus, yen tiyang jaler sumerep tiyang ayu lan yen tiyang estri sumerep tiyang bagus, paningalipun kuwolak-kuwalik, mangke yen sumerep bojonipun, inggih lajeng sengit, lajeng ngraos-ngraosi, moyok-moyoki: “Nek tak rasak-rasakke, bojoku ki kok jan elek tenan, wis rupane ala lan atine ala, andekpuna kok dadi bojoku, iki rak dudu sabaene, iki biyen, nek ming bares-baresan we, rak ora kalakon, iki rak nganggo diguna-gunani aku biyen, dadi banjur ngenel ka kene ki.” Lo rak terang paningal kuwolak-kuwalik, sumerep tiyang ayu, tiyang bagus, kok lajeng sengit dhateng bojonipun, la punapa tiyang ayu, tiyang bagus, murugaken sengit dhateng bojo, rak terang yen boten, nanging yen kabrongot meri pambegan, inggih mesthi kuwolak-kuwalik makaten. Kados makaten kuwolak-kuwaliking paningal, yen kabrongot meri pambegan.

Tentrem

Yen mangertos, yen raosing gesang tiyang sajagat punika sami mawon, tiyang lajeng luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem, tegesipun, apa-apa sakepenake, sabutuhe, saperlune, sacakupe, samesthine, sabenere. Tiyang lajeng saged ngraosaken raosing gesang ingkang sayektos, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Jalaran nalika kabrongot meri pambegan tiyang punika boten saged ngraosaken raosing gesang ingkang sayektos.

Contonipun upami nedha, sanajan saben dinten damelipun nedha, tiyang boten saged ngraosaken raosing nedha, lan saben nedha, ingkang dipun raosaken namung tedhanipun, tangga-tangganipun, lan awakipun piyambak nggresah: “Nek si anu, si anu, si anu kae ya kapenak-kapenak wae, la wong pangane ki ajeg, sadina-sadinane mesthi ping telu, sapiring-sapiring, tur lawuhe ki enak-enakan lan solan-salin gek endhog, gek iwak, gek endhog, gek iwak, la nek awake dhewe ki ya cilokak-cilekek wae, la wong pangane ki ora ajeg, lan lawuhe ki mari mati mung uyah, sambel, uyah, sambel, lan dhuwur-dhuwure ki mung tempe, lan yen kapengin iwak pitik ki mung keduman mbubuti, mbetheti, mbubuti, mbetheti.” Yen sampun luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak: “Lo, iki priye ta ana wong mangan kok gemeder, le mangan ki enak apa ora, nek enak ya dibacutake, nek ora ya ora dibacutake,” lan lajeng padhang paningalipun sumerep dhateng gegayuhanipun tiyang nedha, lan gegayuhaning nedha punika eca lan tuwuk, mangka pados eca lan tuwuk punika gampil sanget, jalaran saben luwe, nedha sabarang, ingkang limrahipun dipun tedha tiyang, mesthi eca, lan saben kathah, mesthi tuwuk. Dados bau suku punika tirah-tirah kangge pados tedha ingkang eca lan ingkang tuwuk.

Mila raosing gesang ingkang sayektos, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, wonten nggen nedha punika mesthi gek eca, gek boten eca, gek eca, gek boten eca, lan gek tuwuk, gek luwe, gek tuwuk, gek luwe. Nanging yen kabrongot meri pambegan, tiyang inggih boten perduli eca lan boten perduli tuwuk, nanging namung pathok pados ngungkuli. Yen badhe ngertos meri pambeganipun piyambak utawi ungkulipun piyambak wonten nggen nedha, ingkang cetha yen kaleres sesarengan kaliyan tiyang kathah wonten ing wande-wande punapa punika.

Mangke nembe dhateng “dhog” mawon, awakipun piyambak lajeng aba: “godhog”. Mangke saweg dipun ulungaken mawon, awakipun piyambak lajeng aba malih: “goreng”, endi lomboke jing “akeh”. Mangke yen sesarenganipun nyepeng tigan awakipun piyambak lajeng nyepeng dhadha menthok “ceg” lan yen tanganipun tengen sampun nyepeng, tanganipun kiwa lajeng nyepeng “ceg”. Mangke yen meksa taksih rumaos kungkulan, awakipun piyambak kaken manahipun lan lajeng sukunipun dipun tumpangaken meja “slengkreng”, tur lajeng singsot nanging boten mungel.

Saking petenging paningal kabrongot meri pambegan, sanajan anak putunipun sampun rendhel, tiyang boten saged ngraosaken raosing gadhah bojo. Saben kapanggih bojonipun, ingkang dipun raosaken bojonipun tangga-tangganipun lan awakipun piyambak nggresah: “Nek si anu, si anu, si anu kae ya kapenak-kapenak wae, la wong bojone demenakake, gemati, manut, nek awake dhewe ki ya cilokak-cilekek wae, la wong bojone rewel, thik-thik muring, thik-thik muring.” Yen sampun luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak: “Lo, iki priye ta, ana wong duwe bojo kok gumeder, le duwe bojo ki penak apa ora, nek penak ya dibacutake, nek ora penak ya ora dibacutake,” lan lajeng padhang paningalipun, lan lajeng sumerep, yen tiyang gadhah bojo punika nikmat.

Yen badhe mangertos nikmatipun tiyang gadhah bojo, yen dalu-dalu lan asrep-asrep, saya gek jawah-jawah, ungsel-ungselan kaliyan bojonipun inggih lajeng anget, lan yen kaken boyokipun inggih lajeng lemes, lan tilemipun inggih lajeng nglegeses, lan enjing-enjingipun inggih lajeng bingar, lan nyambut damel inggih lajeng sigrak. Lo, tiyang gadhah bojo punika rak nikmat. Cobi yen boten gadhah bojo, rak boten nikmat kados makaten, yen dalu-dalu, asrep-asrep saya gek jawah-jawah, yen asrep inggih asrep yektos, yen ngungsel-ungsel, inggih ngungsel-ungsel galar, lan yen kaken boyokipun, inggih lestantun kaken, lan yen mapan tilem kethap-kethip, awit jam sanga dumugi jam tiga dereng saged tilem, jalaran ngraosaken bojonipun tangga-tangganipun. Mila wateging dhudha, randha, jaka, prawan, sami betah melek, nganging yen kabrongot meri pambegan. Yen boten, inggih boten, inggih namung dhang-dhong mawon.

Dados raosing gesang ingkang sayektos, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, wonten nggen gadhah bojo, punika mesthi gek nikmat, gek boten nikmat, gek nikmat, gek boten nikmat. Yen luwar saking naraka meri pambegan manjing swarga tentrem, tiyang lajeng uwal saking kuwajiban-kuwajiban ingkang awrat-awrat. Tiyang punika rak majib-majibaken dhateng awakipun piyambak: “Wong ki kudu ngene, pangane ngene, sandhange ngene, omahe ngene, karo bojone ngene, karo anake ngene, karo tangga-tanggane ngene,” lan sadaya ngene-ngene wau ingkang awrat-awrat ngantos boten kenging dipun lampahi, jalaran cengkah kuwajiban sami kuwajiban.

Contonipun upami tangganipun badhe gadhah damel mantu, mangka awakipun piyambak tampi ulem, punika awakipun piyambak dipun wajibaken dhateng. Yen dhateng, awakipun piyambak punika dipun wajibaken ngangge sandhangan enggal lan inggih dipun wajibaken sangu yatra kangge nyumbang utawi kangge dhomino. Upami awakipun piyambak tampi ulem wau, mangka boten gadhah sandhangan enggal lan boten gadhah yatra, punika lajeng pakewet sanget, lan yen badhe boten dhateng ajrih, la tiyang tangganipun gadhah damel mantu, mangka tampi ulem, kok boten dhateng, lan badhe dhateng, inggih ajrih, la tiyang boten gadhah sandhangan enggal lan boten gadhah yatra, kok dhateng.

Yen sampun luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak: “Lo iki priye ta le nglakoni, la wong ora teka, wedi, lan teka, ya wedi, la apa rada teka lan rada ora wae, lan kaya apa jing jeneng rada teka lan rada ora, apa ming anguk-anguk neng pager wae, lan apa banjur mlebu nyang pawon wae ‘bludhus’ melu asah-asah.” Tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng saged nuturi awakipun piyambak: “Wis, nek arep teka, ya teka, lan nek ora, ya ora, la nek ora duwe sandhangan anyar, banjur nganggo sandhangan lawas, kuwi sabenere, lan nek ora duwe dhuwit, banjur ora nyumbang lan ora dhomino, kuwi sabenere.” Dados raosing gesang ingkang sayektos, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Wonten nggen kuwajiban-kuwajiban punika mesthi gek ngene, gek ora ngene, gek ngene, gek ora ngene. Yen mangertos bilih raosing gesang tiyang sajagat punika sami mawon, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, tiyang lajeng luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem lan anggenipun pados semat, drajat, kramat, sakapenake, sabutuhe, saperlune, sacukupe, samesthine, sabenere, inggih punika tentrem.


Satu Tanggapan to “Kawruh Beja Sawetah ..:Bageyan 2:..”


  1. I’ll right away take hold of your rss as I can’t in finding your email subscription link or e-newsletter service. Do you have any? Kindly let me realize in order that I may subscribe. Thanks.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s