Nyawang Karep

Tiyang punika sami, langgeng. Raosipun gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, punika sami, langgeng. Yen mangertos, yen tiyang punika raosipun gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, sami langgeng, tiyang lajeng luwar saking naraka meri, pambegan, getun, sumelang, ingkang murugaken dhateng tiyang lajeng prihatin, cilaka, lan lajeng manjing swarga tentrem, tatag, ingkang murugaken dhateng tiyang seneng, beja.

Yen sampun gadhah raos seneng, beja kados makaten, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak, yen kaleres gadhah karep punapa-punapa. Mangka saben karep mesthi ajrih yen boten kalampahan. Inggih karep punika wau lajeng dipun tuturi, “Lo, karep kuwi nek kalakon, ya ora beja ora apa, ya mung bungah sadhela, mengko ya banjur susah maneh. Lan kuwi nek ora kalakon, ya ora cilaka ora apa, ya mung susah sadhela, mengko ya banjur bungah maneh.”

Mila karep punika lajeng dipun tantang: “Wis, karep, kowe ngaya-ayaa golek bungah sajege – nek bisa, lan nyeri-nyeria nampik susah sajege – nek bisa, wis kowe ora nguwatiri.” Yen tiyang sampun saged nuturi karepipun piyambak kados makaten, lajeng sirna raos prihatin. Yen sampun sirna raos prihatin, lajeng thukul ingkang tukang nyawang karepipun piyambak, ingkang tukang ngertos karepipun piyambak.

Wiji Weruh

Ingkang tukang nyawang karepipun piyambak punika raos aku, raos ana. Tiyang punika rak kraos aku, lan tiyang kok boten kraos aku, punika boten saged. Saben kraos aku punika mesthi kraos ana; lan kraos aku, kok kraos ora ana, punika boten saged.

Ingkang tukang nyawang punika langgeng, jalaran punika barang asal. Barang asal punika boten wonten asalipun ingkang dipun damel, nanging malah dados asal. Inggih punika asaling raos aku bungah, aku susah.

Ingkang tukang nyawang punika langgeng nyawang karepipun piyambak, ingkang wategipun langgeng gek mulur, gek mungkret, gek mulur, gek mungkret lan raosipun langgeng gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Raosing langgeng nyawang karepipun piyambak punika langgeng seneng, langgeng beja. Nalika ingkang tukang nyawang dereng thukul, tiyang punika kraos “aku karep, aku bungah, aku susah.”

Nalika ingkang tukang nyawang dereng thukul, punika taksih dados wiji weruh, inggih punika ingkang meruhi samobah mosiking manungsa lan dereng thukul raos seneng, raos beja. Wujudipun ingkang tukang nyawang, nalika dereng thukul lan taksih dados wiji weruh. Upami tiyang kebelet ngising, punika nglebeting tiyang rak wonten ingkang weruh, ingkang ngertos: “Lo, iki kebelet ngising ki katara yakyakan golek kakus ki.”

Ingkang ngertos yen kebelet ngising punika rak boten tumut kebelet ngising boten punapa, nanging namung ngertos yen kebelet ngising. Inggih punika ingkang tukang nyawang nalika dereng thukul lan taksih dados wiji weruh. Wujudipun ingkang langkung terang, nalika ingkang tukang nyawang dereng thukul lan taksih dados wiji weruh.

Upami tiyang nedha lombok lan kraos kepedhesen, punika nglebeting tiyang rak wonten ingkang weruh, ingkang ngertos: “Lo, iki kepedhesen ki, katara megap-megap golek ngombe ki.” Ingkang ngertos yen kepedhesen punika rak boten tumut kepedhesen boten punapa, nanging namung ngertos yen kepedhesen. Inggih punika ingkang tukang nyawang, nalika dereng thukul lan taksih dados wiji weruh.

Wujudipun ingkang langkung caket sanget, nalika ingkang tukang nyawang dereng thukul lan taksih dados wiji weruh. Upami tiyang kawirangan punika nglebeting tiyang rak wonten ingkang weruh, ingkang ngertos: “Lo, iki kawirangan ki katara nyrengingis lan ora wani metu saka ngomeh ki.” Ingkang ngertos yen kawirangan punika rak boten tumut kawirangan boten punapa, nanging namung ngertos yen kawirangan, lan inggih punika ingkang tukang nyawang, nalika dereng thukul lan taksih dados wiji weruh.

Nalika ingkang tukang nyawang dereng thukul lan taksih dados wiji weruh, tiyang punika kraos: “Karep ki aku, jing bungah aku, jing susah aku, jing kawirangan aku, jing kepedhesen aku, jing kebelet ngising aku.” Yen tukang ingkang nyawang sampun thukul, lajeng raos prihatin sirna lan tiyang lajeng kraos: “Karep ki dudu aku.” Yen sampun kraos: “Karep ki dudu aku,” tiyang inggih lajeng kraos: “Jing bungah dudu aku, jing susah dudu aku,” lan kados makaten inggih lajeng kraos: “Jing kawirangan dudu aku, jing kepedhesen dudu aku, jing kebelet ngising dudu aku.”

Beja

Mila tiyang lajeng kraos: “Aku nyawang karep, aku seneng, aku beja.” Yen sampun gadhah raos “aku nyawang karep, aku seneng, aku beja” kados makaten tiyang lajeng nyawang karepipun piyambak, lelampahanipun piyambak punika kraos “kuwi dudu aku,” sami kaliyan nyawang jagat saisinipun lan lelampahan sadaya, tiyang inggih kraos “kuwi dudu aku”. Aku punika raosipun beja, tur beja langgeng.

Mila tiyang wonten ing pundi mawon, inggih beja, lan benjing punapa mawon, inggih beja lan kados punapa mawon, inggih beja. Inggih punika kawruh ingkang murugaken beja.


Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s