Raos Langgeng

Karep punika wategipun gek mulur, gek mungkret, gek mulur, gek mungkret, raosipun gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Mangka karep punika langgeng. Langgeng punika tegesipun biyen wis ana, saiki ana, besuk ya ana wae.

Nalika wonten wetenganing biyung, sampun wonten karep lair, sanajan boten rumaos, kados dene bayi nangis gadhah karep nusu. Nalika taksih dados rah inggih sampun wonten karep thukul, nukulaken saranduning badan, sirah, gembung, tangan, suku punapa punika. Nalika dereng wonten wetengan, taksih wonten bapa biyung, nalika bapa biyung anthuk-anthukan sami remen, inggih punika kareping manusa ingkang badhe lair.

Kados makaten sampun boten wonten wiwitanipun, lan nalika bumi langit dereng wonten, karep sampun wonten. Kados makaten ugi wekasanipun inggih boten wonten, lan benjing yen manusa punika pejah, lan raga punika risak, bosok, karep inggih taksih wonten, lan benjing yen bumi langit punika sampun boten wonten, karep inggih taksih wonten. Dados karep punika tanpa wiwitan lan tanpa wekasan.

Mila, karep punika langgeng, jalaran karep punika barang asai. Barang asal, boten wonten asalipun ingkang dipun damel, nanging maIah dados asal, punika mesthi langgeng. Karep punika asaling gesang, bebakaling gesang, ingkang murugaken gesang, mila karep punika langgeng.

Kados dene asaling sadaya barang dumadi punika inggih langgeng. Barang dumadi punika rokok, rek, cangkir, piring, griya, jagat, lintang, rembulan, srengenge lan sapanunggilanipun. Upami asaling rokok punika inggih langgeng, boten saged ewah, boten suda lan boten wewah.

Mangke yen rokok punika dipun besem, inggih namung dados awu lan asaling rokok inggih taksih, boten suda lan boten wewah lan sapunikanipun dados awu. Mangke yen awu punika dipun geceg, inggih namung dados gecegan awu lan asaling rokok inggih taksih, boten suda lan boten wewah lan samangkenipun dados gecegan awu. Mangke sanajan gecegan awu punika dipun bucala dhateng njawining jagat, inggih namung wonten njawining jagat lan asaling rokok inggih taksih, boten suda lan boten wewah lan samangkenipun wonten njawen jagat.

Kados makaten karep dipun gecega mawi kesusahan, mawi kewirangan, kados punapa mawon inggih boten saged ewah lan wateg-wategipun inggih boten saged ewah, jalaran barang langgeng punika wateg-wategipun inggih mesthi langgeng. Karep punika wategipun gek mulur, gek mungkret, gek mulur, gek mungkret, lan raosipun gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Mangka tiyang punika raosipun inggih gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah.

Dados karep punika tiyang. Mila tiyang punika langgeng gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng luwar saking naraka getun sumelang.

Getun – Sumelang

Getun punika ajrih dhateng lelampahan ingkang sampun kalampahan. Sumelang punika ajrih dhateng lelampahan ingkang dereng kalampahan. Getun lan sumelang punika ingkang murugaken dhateng tiyang ngenes, prihatin, la cilaka.

Getun punika raosipun “mbok biyen-biyen ngenea, aku wis beja kaya ngana lan ora cilaka kaya ngene.” Getun punika ajrih dhateng lelampahan ingkang sampun kalampahan, ajrih anggenipun murugaken dhawah cilaka, susah sajege. Kalairaning getun punika ajrih anggenipun dhawah mlarat, papa, sekeng.

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak yen kaleres getun, kados makaten: “Sanajan biyen-biyen kapriye-kapriye, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah,” lan lajeng sirna getun kados makaten wau. Getun punika ngambra-ambra, ajrih dhateng ingkang aneh-aneh, ajrih kuwalat, ajrih duraka, raosipun: “Aku biyen ajaa kuwalat karo kae, duraka nggonku ngene, wis beja kaya kana lan ora cilaka kaya kene.” Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak yen kaleres getun, kados makaten: “Sanajan biyen-biyen kuwalat utawa ora kuwalat, duraka utawa ora duraka, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah,” lan lajeng sirna getun kados makaten wau.

Getun punika saya ngambra-ambra ajrih dhateng ingkang saya aneh, saya aneh, ajrih anggenipun gesang kesasar, raosipun: “Aku biyen ajaa dadi anake si bapak karo simbok kuwi, wis beja kaya kana lan ora cilaka kaya kene.” Yen mangertos, bilih tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak yen kaleres getun, kados makaten, “Sanajan biyen-biyen dadi anake bapak simbok kuwi utawa ora dadi anake bapak simbok kuwi, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah,” lan lajeng sirna getun kados makaten wau.

Getun, ajrih anggenipun gesang kesasar, princen-princenipun ngantos ajrih dene kesasar gadhah bojo si anu lan gadhah anak si anu, raosipun. “Aku biyen ajaa kesasar duwe bojo si konok onggrok kuwi, duwe anak si konok onggrok kuwi, wis beja kaya kana lan ora cilaka kaya kene.” Yen mangertos, bilih tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak yen kaleres getun, kados makaten: “Sanajan biyen-biyen duwe bojo si konok onggrok utawa ora duwe bojo si konok onggrok, duwe anak si konok onggrok utawa ora duwe anak si konok onggrok, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah,” lan lajeng sirna getun kados makaten wau. Kados makaten ugi sumelang.

Sumelang punika raosipun: “Gek mbesuk-mbesuk kapriye, nek aku ora beja kaya kana, nek lestari cilaka kaya kene. Sumelang punika ajrih dhateng lelampahan ingkang dereng kalampahan, ajrih yen dhawah cilaka, susah sajege. Kalairaning sumelang punika ajrih, yen dhawah mlarat, papa, sekeng.

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak, yen kaleres sumelang kados makaten: “Sanajan mbesuk-mbesuk kapriye-kapriye, sanajan bumi tangkep karo langit, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah,” lan lajeng sirna sumelang kados makatan wau. Sumelang punika ngambra-ambra ajrih dhateng ingkang aneh-aneh, ajrih kuwalat ajrih duraka. Lo rak ajrih ingkang aneh-aneh, la tiyang kuwalat utawi duraka punika punapa mawon boten mangertos, kok ajrih.

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak, tur ngeteger mawon: “Ayah, gene kok ana, wong kok nganggo kuwalat-kuwelet priye, duraka-duraka apa. Kuwalat, ya mesthi gek bungah, gek susah, lan duraka, ya mesthi gek bungah, gek susah. Jare-jarene kuwalat ki endhase neng ngisor lan sikile neng ndhuwur. Ya wis, malah kaya apa rasane, dene jing genah we, wis dirasakake pirang-pirang puluh taun, endhase neng ndhuwur lan sikile neng ngisor, ya ora kapenak. Apa nek padu karo tanggane kae kapenak? Apa nek padu karo bojone kapenak? Galo kae, endhase neng ndhuwur lan sikile neng ngisor,” lan lajeng sirna sumelang kados makaten wau.

Sumelang punika saya ngambra-ambra, ajrih dhateng ingkang saya aneh, saya aneh, ajrih yen pejah kesasar. Lo, rak ajrih ingkang saya aneh, saya aneh, wonten tiyang pejah kok mawi kesasar punapa. Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak, tur ngeteger mawon: “Ayah, gene kok ana, wong mati kok nganggo kesasar-kesasar nyang endi? Lan nek nganggo kesasar, ya kesasar nyang urip, lan ya wis dilakoni urip kethap-kethip kaya kene iki. La nek ana wong mati kesasar, teneh ya ana wong urip kesasar, gene dhek arep urip, ya ora nganggo takon-takon, lan ora nganggo sesangu lan ya banjur urip ‘bedhengus’ lan kabeneran irunge tiba ing ndhuwur cangkem, lan kupinge tiba ngiringan lan endhase neng ndhuwur lan sikile neng ngisor, lan ya metu dalan sing bener lan ora kesasar metu saka ing ngendi-endi,” lan lajeng sirna sumelang kados makaten wau.

Sumelang, ajrih yen pejah kesasar, princen-princenipun ngantos ajrih yen pejah kesasar nitis dados celeng. Lo, rak saya aneh, saya aneh, ingkang boten-boten, wonten tiyang pejah kok mawi kesasar nitis dados celeng punapa. Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak, tur ngeteger mawon: “Ayah, gene kok ana wong mati kok nganggo nitis dadi celeng barang. Ya wis, malahane kaya apa rasane, gene jing genah we, wis dirasakake dadi wong pirang-pirang puluh taun, ya ora kapenak. Apa nek golek utangan lan ora oleh kae kapenak? Apa nek ditagih utang lan ora bisa nyaur kae kapenak? Galo kae dadi wong. Malahane kaya apa rasane nek dadi celeng. Mengko rak ya ming enggrag-enggrog ndhedhes tela. Tur jing genah we ora wedi dipocot pagaweyane. Nanging nek neng nggrumbul we rada wedi.” Lan lajeng sirna sumelang kados makaten wau.

Getun lan sumelang punika gadhah panginten, gadhah pamanggih, yen saged bungah sajege utawi susah sajege. Tiyang lajeng ngaya-aya pados bungah sajege utawi nyeri-nyeri nampik susah sajege. Inggih punika ingkang murugaken dhateng tiyang lajeng gugon tuhon, la cilaka.

Gugon tuhon punika nyambet-nyambetaken sebab lan kedadosan ingkang boten sambet. Contonipun upami tiyang bakulan sebel boten pepajengan, lajeng dipun sambet-sambetaken: “Iki sababe rak aku dhek malem Jumuwah ora kutug kae katara sebel ora pepayon ki.” Lo, la tiyang kutug kok dipun sambetaken kaliyan sebel boten pepajengan, rak terang yen boten sambet, nanging yen gugon tuhon inggih dipun sambet-sambetaken kados makaten.

Contonipun ingkang langkung terang malih. Upami lare nembe dolan lan lajeng sakit lan mecicil-mecicil lan lajeng dipun sambet-sambetaken: “Iki rak dijegal jing mbaureksa prapatan katara mecicil-mecicil ki.” Lo, lare mecicil-mecicil kok dipun sambetaken kaliyan ingkang mbaureksa prapatan, rak terang yen boten sambet.

La tiyang dhateng ingkang mbaureksa prapatan mawon dereng sumerep. Ingkang mbaureksa punika punapa, inggih boten sumerep, suku kalih punapa suku sakawan, nigan punapa nusoni, inggih boten sumerep, kok dipun wastani saged njegal. Nanging yen gugon-tuhon, tiyang inggih nyambet-nyambetaken kados makaten.

Contonipun gugon tuhon ingkang radi mratah. Nalika redi Merapi njeblug, lajeng dipun sambet-sambetaken: “Iki rak Kanjeng Ratu Kidul duka, arep mantu lan golek bekakak ora oleh-oleh, katara gunung Merapi dijeblugake, blag, blug, blag, blug, ki”. Lo la tiyang redi Merapi njeblug, kok dipun sambetaken kaliyan Kanjeng Ratu Kidul, rak terang yen boten sambet.

La tiyang dhateng Kanjeng Ratu Kidul mawon dereng sumerep. Kanjeng Ratu Kidul punika punapa, inggih boten sumerep. Malah kenthang-kimpulipun mawon boten ngertos, lan kanjeng ratu kidul punapa godhog utawi goreng, inggih boten ngertos, kok dipun wastani yen saged duka, nanging yen gugon tuhon, tiyang inggih nyambet-nyambetaken kados makaten.

Wateging gugon tuhon punika murugaken dhateng tiyang lajeng nglampahi ingkang aneh-aneh lan nyirik ingkang aneh-aneh. Kadosta nglampahi dalu-dalu kungkum sajam, tur kawan dasa dalu. Lo, rak nglampahi ingkang aneh-aneh.

Nalika badhe nglampahi, tiyang gadhah pamanggih: “Nek aku angger bengi kungkum nganti sajam, nganggo muni-muni ngene, ndremimil ngene, tur patang puluh bengi, aku bakal katrima, bungah sajege.” Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng sumerep angsal-angsalipun tiyang dalu-dalu kungkum. Angsal-angsalipun asrep, nggebibir.

Tuwas bojonipun asrep lan kethap-kethip boten saged-saged tilem, jalaran ngentosi lan dipun sengiti mara sepuhipun. Sinten-sintena, yen gadhah mantu damelipun kungkam-kungkum, kungkam-kungkum, rak mesthi gregetan sanget. La tiyang anggenipun pados mantu punika supados ngopeni anakipun, kok anakipun dipun tilar kungkam-kungkum, kungkam-kungkum.

Nyirik ingkang aneh-aneh kadosta nyirik nedha, nyirik tilem. Lo, rak nyirik ingkang aneh-aneh, ingkang boten-boten. La tiyang luwe punika ecanipun yen nedha, lan tiyang ngantuk punika sakecanipun yen tilem, kok dipun sirik.

Tur tiyang lajeng nggresah, ungelipun boten nate sakeca, la tiyang ingkang sakeca-sakeca dipun sirik. Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng sumerep angsal-angsalipun nyirik nedha lan nyirik tilem. Angsal-angsalipun luwe lan ngantuk.

Tur punika yen pandaka. Mangke nyirik saweg angsal sapeken mawon, yen kalimpe, lajeng mak gleler. Tur lajeng tutuh-tutuhan: “La wong wis diwanti-wanti kaya kana, lagi nglakoni lan digolekake katrima, la kok njur gelem. La dadi batal kabeh lan saiki arep miwiti maneh wis wegah.

Nyirik ingkang aneh-aneh punika ngantos keplantrang-plantrang nyirik bojonipun piyambak. Lo, rak keplantrang-plantrang nyirik kok bojonipun piyambak. La punapa ingkang nyirik lan ingkang dipun sirik punika sakeca?

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng sumerep angsal-angsalipun nyirik bojonipun piyambak. Angsal-angsalipun betah melek. Kados makaten wateging gugon-tuhon anggenipun nglampahi ingkang aneh-aneh lan nyirik ingkang aneh-aneh, jalaran gadhah pamanggih, saged bungah sajege utawi saged susah sajege.

Tatag

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng luwar saking naraka getun sumelang lan manjing swarga tatag, tegesipun “apa-apa ya wani”. Dados tiyang sugih, tatag; lan dados tiyang mlarat, tatag; dados ratu, tatag; lan dados kuli, tatag; dados wali, lan dados bajingan, tatag; jalaran ngertos, yen sadaya-sadaya punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Yen luwar saking naraka getun sumelang lan manjing swarga tatag, tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng mangertos, yen sadaya lelampahan punika boten wonten ingkang nguwatosi, nanging inggih boten wonten ingkang menginaken.

Pokokipun ingkang nguwatosi punika susah, mangka tiyang mesthi kuwawi. Sampun dipun lampahi ping pinten-pinten ewu susah, tiyang inggih kuwawi yektos. Sanget-sangeting susah punika wirang sanget, sakit sanget.

Mangka yen namung wirang sanget, sakit sanget mawon, tiyang mesthi kuwawi. Dene yen sambatipun, inggih boten kuwawi. Upami kawirangan, tiyang punika sambatipun: “Nek kawirangan san ji ki, jan ora kuwat tenan aku, lan nek kawirangan jing wis-wis kae, wis ora tak rasakake, ning nek san ji ki, jan nggares tenan.” Yen luwar saking naraka getun sumelang lan manjing swarga tatag, tiyang lajeng saged meleh-melehaken dhateng awakipun piyambak ingkang damelipun goroh, kados makaten: “Endi kawirangan jing kowe ora kuwat, la kuwi, lagi dilakoni, ya kawirangan banget tenan, ya nyrengingis tenan, ya nganti ora wani metu saka ngomah tenan, endi kawirangan jing kowe ora kuwat?”

Kados makaten yen sakit, tiyang punika sambatipun: “Nek lara kenek san ji ki, jan ora kuwat tenan aku lan nek lara seje-sejene kae, wis ora tak rasakake, ning nek kenek san ji ki, jan satengah mati tenan.” Yen luwar saking naraka getun sumelang lan manjing swarga tatag, tiyang lajeng saged meleh-melehaken dhateng awakipun piyambak ingkang damelipun gerah, kados makaten: “Endi lara jing kowe ora kuwat, la kuwi lagi dilakoni, ya lara banget tenan, ya bengok-bengek tenan, endi lara jing kowe ora kuwat? Mangka banget-bangete lara ki ming mati, mangka nek ming mati we ya mesthi kuwat, lan dilakoni wong pirang-pirang ewu padha mati, lan ya mati tenan, lan nek aku mati, ya mati kaya jing padha mati kae.”

Lajeng thukul raos sugih, jalaran sadaya lelampahan punika dipun lampahi tiyang mesthi kuwawi lan mesthi cekap. Yen kawirangan, angger sampun nyrengingis inggih sampun cekap lan sampun dipun lampahi kaping pinten-pinten ewu nyrengingis, inggih nyrengingis yektos, lan inggih cekap yektos lan inggih mesthi lajeng thukul raos sugih. Yen namung ngedalaken crengingis, kaping sawidak sadinten mawon, tiyang inggih taksih sugih lan yen sakit, angger sampun bengok-bengok, inggih sampun cekap, lan yen pejah, angger sampun kendel mawon, inggih sampun cekap. Pokokipun ingkang menginaken punika bingah. Mangka bingah punika mesthi kalampahan. Wonten pundi mawon, benjing punapa mawon, kados pundi mawon, inggih mesthi kalampahan bingah.

Upami kasusahan, griyanipun kobong telas-telasan. Mangke namung wonten kathokipun boten katut kobong mawon: “Wah tujune kathokku ora katut kobong,” inggih sampun bingah. Upami kasusahan, sukunipun keplithes motor “klethes” lan lajeng tugel lan mangke yen emut: “Wah tujune endhasku ora katut keplithes, inggih sampun bingah.”

Yen sirahipun keplithes “klethes” lan lajeng pejah: “Wah tujune bojoku ora katut keplithes.” Yen mangertos, yen sadaya lelampahan punika boten wonten ingkang nguwatosi, nanging inggih boten wonten ingkang menginaken, tiyang lajeng padhang paningalipun, tiyang lajeng luwar saking barang salumahing bumi lan sakurebing langit. Jalaran tiyang mangertos, yen barang salumahing bumi lan sakurebing langit punika boten saged munasika dhateng tiyang, tegesipun boten saged murugaken beja lan boten saged murugaken cilaka, boten saged murugaken bungah lan boten saged murugaken susah.

La tiyang ingkang murugaken bungah punika karep kalampahan, lan dede barangipun ingkang dipun karepaken ingkang murugaken bungah. La tiyang ingkang murugaken susah punika karep boten kalampahan lan dede barangipun ingkang dipun karepaken ingkang murugaken susah.

Contonipun yen barang-barang punika boten murugaken bungah lan boten murugaken susah. Upami jawah punika murugaken bungah. Teneh saben jawah tiyang mesthi bungah, mangka yektosipun boten. Tiyang mbarang kethoprak, yen jawah, mesthi susah. Upami jawah punika murugaken susah. Teneh saben jawah, tiyang mesthi susah, mangka yektosipun boten. Tiyang tani, yen kaleres mangsa tanem, yen jawah mesthi bungah.

Contonipun ingkang langkung terang malih yen barang-barang punika boten murugaken bungah lan boten murugaken susah. Upami gadhah bojo lan gadhah anak punika murugaken bungah. Teneh saben tiyang gadhah bojo lan gadhah anak punika ajeg bungah, mangka yektosipun boten. Yen kaleres paben kaliyan bojonipun lan rewel anakipun, tiyang mesthi susah. Upami gadhah bojo lan gadhah anak punika murugaken susah. Teneh saben tiyang gadhah bojo lan gadhah anak punika ajegan susah, mangka yektosipun boten. Yen kaleres pasihan kaliyan bojonipun lan ngudang anakipun, tiyang mesthi bungah.

La, dados barang-barang kok murugaken bungah, kok murugaken susah, punika rak terang yen boten. Mila salumahing bumi sakurebing langit punika boten wonten barang ingkang pantes dipun aya-aya dipun padosi utawi dipun ceri-ceri dipun tampik.


Tinggalkan komentar